ibu

Piwelingi Ibu

diati ati aja seneng nyenyandhung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendhang
kesandhung gelung
kagubel kalung
aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kecekel anggonku mbujung


Aku tansah eling piwelinging ibu
Nalika aku arep budhal sinau
urip mono awujud laku
Ombakying donya aja kapolu
aja kapaelu gebyaring lampu
kang kairing jejogedan lan gumuyu

nggerurip sing prasaja
aja mung mburu barang donya
ditansah eling lan waspada
swarga ora dumunung ing kedheping netra
tansaha dedonga marang Kang Mahakwasa
kanggo ngudi laku utama

Matur sembah nuwun Ibu
pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku
Pindha latu mangalad alad jroning kalbu
agawe antebing kalbu
saengga pahiting bratawali ora tau kepungu
aku setya tuhu marang piwelingmu
keng putra tansah nyuwun pangestu

0 commentaires:

Enregistrer un commentaire